(cerkak boso ngalaman) Japar lan Sabtu sore nang Kanjuruhan

11.38.00 Retno Kusumawardani 0 Comments

Japar mesam-mesem dewe karo ndeloki layar hapene. Mak e japar bingung terus nokat." Lapo le kok ngguya ngguyu dewe, engkok kelebon lho". "Kelebon opo lo mak...kelebon upo a, ancene aku yo ewul, durung nakam iki mau" jawabe Japar nyauri emake karo njupuk piring nang rak. Karo rengeng-rengeng Japar njupuk oges sak lawuhe. Atine seneng mergo Sri gelem dijak ketemuan nang Kanjuruhan dino Sabtu ngarep. Nang njero atine Japar wis mbayang-mbayangno bakal utem karo Sri.

Dino Sabtu isuk japar wis adus resik nang belik etan omah. Masio janjiane Sabtu bengi tapi wis persiapan mulai awan. Klambi karo clono disetliko nganti alus, sampek-sampek Tono adike dipendeliki mergo ngutik-utik klambi karo clono iku mau.

Dino Sabtu malem Minggu jam pitu, Japar wis teko nang Kanjuruhan numpak Honda CB kesayangane. Japar wis nawani Sri kate nyusul nang hamure, tapi Sri kadit meleg. Dek e milih ladhub ngonthel karo nawak-nawake. Japar nurut ae, timbangane kadit sido mending ngalahi ae.

Akhire Sri teko, digonceng karo Parmi bareng karo nawak-nawak liyane. Nang mripate Japar, Sri iku areke manis, pinter tapi ora kakehan gaya. Cocok karo selerae Japar. "Wis
Mi, Sri cek ben karo aku. Ngkok ae jam wolu ketemu maneh nang kene yo "jare Japar ngomong nang Parmi, koncone Sri. "Oyi ...sip...rebes Par, lek ngono aku tak mubeng-mubeng sik yo" jare Parmi karo ngeblas ambik sepedah onthele.

Atine Japar kepyar-kepyar mergo cedhek karo Sri. Sawise markir sepedhahe, Japar ngejak Sri mlaku-mlaku.
" Lapo kok ngongkon ayas mrene...onok perlu opo?" Jare Sri.
Japar bingung sing kate ngaiti ngomong. Lambene glagepan, akhire
" Ayo numpak odong-odong..." Jare Japar spontan.
Krungu omongane Japar, Sri mak jegagik " Oalah, ngejak ayas mrene mau mek trimo dijak numpak odong-odong a, lha rumangsane ayas kera TK tah?" Sri usen, lambene mrengut.
Japar bingung," ayo talah, numpak sepedah sing onok lampune iku lo," Jare Japar. "Oalah lek iku duduk odong-odong, mbuh opo jenenge. Lek odong-odong iku sing biasane ditumpaki kera licek terus onok lagune anak-anak qiqiqi" jawabe Sri karo ngguyu ngikik ora sido usen.

Nang ndukure sepedah pancal sing dihiasi lampu, Japar isik meneng ae. Bingung sing kate ngomong. Sakjane Sri yo wis ngerti karepe Japar, tapi dasare Sri kurang penggawean, dadine Sri macak nggoblogi. Sampek seprapat jam Japar sik meneng ae, koyok orong-orong kepidek.
Mergo sewone sepedah mek seprapat jam, arek loro iku mudun, terus kate ngrayab sewone sepedah. Japar ndudut dompete, Sri mbukak tas e. Arek loro udur-uduran podo kate ngrayab, akhire dadi urunan.

Mari ngrayab, arek loro iku terus mlaku-mlaku nang Kanjuruan sisih lor. Nang kono koyok pasar senggol ae, akeh sing dodol sembarang kalir. Mulai panganan, pakean, sampek alat gawe pijet. Sri kepingin tuku Jagung Bakar.
Arek loro ngenteni jagung sing dibakar karo lingguhan nang kloso sing disedhiyani karo sing dodol. Mumpung ganok sing merhatekno, Japar ngomong karo Sri.

"Sri ...sakjane aku ngajak dirimu iki ono kamsude. Aku wis suwe onok roso nang dirimu. Tapi aku ora wani ngomong. Aku wedi lek sampeyan tolak. Saiki takwanek-wanekno ngomong nang sampeyan. Yo opo ... Meleg a umak dadi racapku?" Atine Japar mak plong mari ngomong ngono. Terus dhek e nglirik nang Sri. Didelok Sri ndingkluk karo mesam-mesem. Atine Japar tambah semribit eruh eseme Sri.

"Ha..umak mau ngomong opo?" Jare Sri kalem karo nguwasne Japar. Japar kait sadar lek Sri mau mesam-mesem ora mergo omongane dhek e nang Sri, tapi ... tibake Sri mesam-mesem karo tangane umek nyekeli hape.
"Asssemmmm" Japar misuh nang njero ati. "Wis tak wanek-wanekno ngomong sakmono dowone, lha kok tibake Sri ora nggatekno!" Batine nggrundel.
"Onok opo Par?" Sri mbaleni takon.
"Aa...aku sakja...."
"Monggo mas jagunge, sing setunggal manis gurih setunggale pedes...," moro-moro sing dodol jagung wis mak bedunduk nang ngarepe Japar karo ngelungno kresek isi jagung bakar.
"Assseeeeemmmmmm" batine Japar maneh. "Oalah wurung maneh" Japar mbatin karo rodok getem-getem.
Pas mbayar jagung arek loro iku mau udur-uduran maneh perkoro duwik. Akhire jagung iku mau statuse RDD alias Rayab Dewe-Dewe.

Karo ngenteni Parmi, arek loro ikumau lungguh nang sepedah sing diparkir nang isor wit. Japar wis umak-umik kate ngomong maneh nang Sri. Pas mangap dhekne kroso lek nang cengel e onok sing gremet-gremet. Langsung dicekel karepe kate diilangi. Bareng didelok tibak e lha kok uler. Uler sing metu wulune.

Japar langsung girap-girap keweden. Saking wedine sampek lali lek uler mau isik dicekel ora dibuwak. Sri sing ngerti koyok ngono mau langsung ngguyu kemekelen. Tapi suwe-suwe, mergo mesakno nang Japar, ulere dicuthik karo Sri terus dibuwak.

"Janciik...kok apes temen aku dino iki... paling mak lali gak metri aku" Jare Japar nggremeng dewe. Parmi mek ngguyu krungu gremengane Japar. Parmi ndeloki Japar ae, sing diwasno dadi salah tingkah. Sakjane, lek menurut Sri, Japar iku yo arek e apikan. Gak tau macem-macem. Sekolahe yo sregep ora tau mbolos. Sri yo wis itreng lek Japar wis suwe seneng nang dhek e. Mek Sri sing pura-pura kadit itreng.

Amergo mesakno Japar bolak-balik wurung kate ngungkapno perasaane, akhire Sri sing ngaiti ngomong nang Japar. "Par, asline aku yo ngerti kamsude dirimu ngejak ayas ketemuan nang kene. Ayas wis ngerti lek umak seneng karo ayas"
"Tenane Sri? " jare Japar karo ambekan dowo. Pikirane wis plong saiki. Gak usah angel-angel ngomong, tibake Sri wis ngerti karepe atine.
"Aku yo respek lah nang umak, soale aku yo ngerti umak saben dinone, gak tau ndableg opo maneh kakehan polah koyok arek-arek,"
Irunge Japar langsung mekrok dilem Sri koyok ngono. "Terus keputusanmu yo opo saiki Sri?" Japar penasaran.
"Tapi ... sepurane Par, aku sik durung iso racapan saiki. Aku wis janji nang awakku dewe, gak atene pacaran selama aku sik durung duwe idrekan. Opo maneh awake dewe saiki sik podo halokes". Jare Sri.

Japar mek mringis, dadi kelingan lek mau kate mbayari numpak sepeda hias karo jagung bakar karo duwik sing mau sik disangoni karo mak e.

"Tapi kan iso digawe tambah semangat belajar Sri, tambah semangat lek kate budal sekolah" jare Japar sik usaha.

" Alah...jare sopo pacaran isok gawe nambah semangat belajar, lek aku ndelok mak karo bapak sing kekeselen mulih teko sawah iku iso nambahi semangatku gawe sinau.
Lek sik sekolah pacaran, mek budale thok sing semangat. Ngkok tekan sekolahan bingung ngenteni jam istirahat, mari istirahat mek bingung ngenteni jam mulih, cek iso ndang ketemuan ...," jarene Sri.

Japar muk iso ndlongop ngrungokno ceramahe Sri. Tapi lek dipikir-pikir ancene bener. Japar dadi isin nang awake dewe. Wis gerang dhaplok durung duwe cita-cita.

"Matur nuwun yo Sri...umak wis nyadarno aku,"
"Podo-podo Par...tapi umak lak kadit usen se karo ayas?"
"Ora Sri...mbok sumprit a" jawabe Japar karo ngacungno driji loro.
"Umak lak sik meleg se nawakan karo ayas?
"Tenang ae Sri, aku malah seneng kok"
"Yo wis Pyek sik lek ngono... Lha iko Parmi wis teko ...ayas tak helum sik yo ..."
"Iyo Sri .. Ati-ati nang dalan"

Akhire Japar wurung pacaran karo Sri, tapi Japar yo bersyukur wis disadarno karo Sri. Saiki Japar wis duwe cita-cita. Dhek e kate nyenengno wong tuwone dhisik, gawe bales budine nang wong tuwo, masio wong tuwone gak tau njaluk.


#######################################################

Crito iki tak gawe kanggo ngramekno even artikel bahasa daerah sing diadakno mbak Usi Saba Kota sing infone iso di delok nang nang kene


You Might Also Like

0 komentar: